Unen-unen kuwi uga mengku karep yen tha milih kumpulan kanca utawa mitra kuwi ya sing nggenah. Tegese aja memitran lan kekancan karo pawongan kang nduwe sedya utawa pakarti ala.Merga lola-laline, sifat lan pakarti kang ala iku mau bakal bisa nular karo liyane. Tuladhane kaya patih Sengkuni, sakjroning lakon wayang purwa.
Patih saka praja Ngastina kuwi mau senenge tumbak cucukan lan ngadu domba antarane sedulur. Kurawa kang sakjane tresna karo Pandhawa kanthi pambujuke Sengkuni malih nduweni sifat ala lan mbalik mungsuhi Pandhawa.
Mergane Sengkuni nduwe sedya, bakal malesake lara atine kang rumangsa serik karo Prabu Pandhu, ya ramane para Pandhawa. Kurawa kang sejatine ora ngerti kenthang kimpule kahanan, nanging merga kerep kumpul karo Sengkuni dadhi melu-melu serik karo Prabu Pandhu lan para Pandhawa. Kahanan kuwi satemah mbabar perang sedhulur kang sinebut Baratayudha.
Mula lakone Sengkuni kuwi mau, minangka tuladha yen tha wong nduwe sifat lan tumindak ala mesthi seneng ajak-ajak kancane. Sebab dewekke rumangsa marem, yen tha bisa njlomprongake utawa nyilakakne kancane kanggo nuruti kekarepan pribadine.




Kebo Gupak







0 komentar:
Posting Komentar